Kluwung Ing Walike Gunung

Spread the love

Gunung, katon endah saka kadohan
Kamangka yen cedhak mung wujud wit-witan
Kiwa tengen jurang lan cilike dalan
Munggaha!
Ning aja kaget yen sliramu ngos-ngosan!

Gunung, jejuluk pakuning bumi
Ilining banyu, uripe kewan, tetuwuhan, sesawangan asri
Wis ora kena diselaki!
Kanggoku, kanggomu, cetha maedahi

Mula, aja cethek pikir!
Aja tansah kuwatir!
Atimu kadhangkala butuh plesir!

Wingi sore,
Saka ngisore gunung kang gedhe
Mentas udan kanthi angin ngawe-awe
Sesidheman sunare srengenge
Aku weruh kluwung endah ing walike

Penulis : Deni Iska Dian Nita

Back To Top