Udakara limang dina Mbah Tresna ora metu saka daleme. Sri Welas lan Sri Asih minangka tanggane mesthi wae kaget. Kamangka sabendina wong telu iku tansah sesrawungan. Ing Desa Karta kono ora ana wong liya kajaba wong telu kasebut. Para warga desa kalebu wong tuwane Sri Welas lan Sri Asih uga anak putune Mbah Tresna muspra dadi kurbane lindhu gedhe nalika semana.
“Sih, Mbah Tresna kenangapa, ya? Kok ora tau metu?” Sri Welas nyoba takon marang dulur kembare, Sri Asih.
“Hla ya, aku ya ora weruh, Las! Apa diendhangi wae? Mengko aja-aja Mbah Tresna gerah. Mesakake Mbah Tresna kuwi rak urip dhewe.” Sri Asih mangsuli kanthi wicaksana.
Sri Welas sarujuk karo panemune Sri Asih. Sri Asih banjur thothoki lawange Mbah Tresna. Ora suwe ana wangsulan kanthi swara lirih nyumanggakake mlebu. Pranyata bener badhekane Sri Asih. Mbah Tresna nandang gerah.
“Wis limang dina iki aku ora bisa mlaku, Ndhuk. Rasane awak lara kabeh. Mangan sapulukan wae rasane kudu mbalik metu.” Jlentrehane Mbah Tresna nggawe bocah wadon loro kuwi ora mentala nyawang kahanane Mbah Tresna. Sri Asih nawakake pitulungan sing menawa bisa nambani gerahe Mbah Tresna. Mbah Tresna banjur mbabar crita.
Miturut Mbah Tresna, sing bisa nambani gerahe iku mung Sugeng Rawuh. Sugeng Rawuh manggon ing Pulo Sabrang lan mung ana wektu rong dina kanggo nggoleki. Yen luwih saka rong dina, mula nyawane Mbah Tresna bisa ora bisa slamet amarga saking nemene gerahe. Kayadene sayembara, Mbah Tresna njanjeni sing sapa bisa nekakake Sugeng Rawuh bakal diwarisi mas-masan sing ajine ngluwihi omah duweke Sri Welas lan Sri Asih. Tanpa kakehan pitakonan bocah loro iku budhal klepat nggoleki Sugeng Rawuh.
Sri Welas ngomong marang Sri Asih yen luwih becik budhale liwat palemahan wae supaya luwih aman. Dene Sri Asih urun rembug yen luwih cedhak liwat segara wae. Pungkasane Sri Welas ngomong yen kepengin budhal dhewe wae. Sri Asih sarujuk senajan atine ora lila. Dheweke tetep kepengin budhal bareng dulur kembare.
Sri Welas ndhisiki mlayu banter. Ing satengahe playune, dheweke mbatin yen sejatine pancen kahanan iki sing dadi pepenginane. Sri Welas wis weruh yen liwat segara iku luwih cedhak. Senajan urip bebarengan wiwit lair, nanging ing atine Sri Welas kadhangkala ana rasa sujana marang Sri Asih. Dheweke kepengin uripe luwih onja. Mula nalika Mbah Tresna nabuh kendhang sayembara, Sri Welas cetha kepengin menangake. Ora liwat palemahan kaya sing diomongake marang Sri Asih, Sri Welas age-age numpak prau nyabrangi segara supaya enggal teka ing Pulo Sabrang.
Sri Asih mlaku lon-lonan kanthi luh dleweran. Dheweke ora ngira yen mung prakara sayembara bisa medhotake sedulurane karo Sri Welas. Nalika nyegat prau ing pinggire segara, Sri Asih dumadakan kelingan omongane Sri Welas. Miturut Sri Welas, menyang Pulo Sabrang iku luwih aman liwat dalan darat wae. Sri Asih mlayu klepat. Dheweke nggoleki Sugeng Rawuh liwat palemahan. Batine sapa ngerti teka tengah dalan kepethuk Sri Welas.
Ing ndhuwur prau Sri Welas ngguya ngguyu dhewe. Atine manteb yen bakal teka Pulo Sabrang luwih dhisik. Pranyata mbarengi angslupe srengenge, prau sing ditumpangi Sri Welas oleng. Angin banter ndadekake prau cilik kuwi ngayun-ayun ing tengahe segara. Ora let suwe, udane teka. Bledheg banter sesautan ndadekake kahanan tansaya medeni.
“Adhuh, Gusti, kula kadospundi? Sih, Asih, Kowe neng ngendi, Sih? Tulungana aku!” Ing kahanan kaya mangkono, Sri Welas lagi kelingan marang Gustine lan uga Sri Asih.
Lakune prau tansaya ora kena dikendhaleni. Angin banter marakake praune Sri Welas malik. Awake Sri Welas njegur menyang adheme banyu segara. Begjane ana tugelan kayu sing ngambang. Kanthi nyekeli kayu kuwi, Sri Welas ngupaya nylametake awake.
Sri Asih sing liwat palemahan rumangsa kesel. Dheweke ngaso ngelukake boyok ing sangisore wit gedhe. Karo leren batine Sri Asih isih ngrambyang mikirake dulure wedok.
Srengenge wis ora isin nuduhake wujude, pratandha dinane wis esuk. Saka kadohan ana prau nyedhaki Sri Welas. Dheweke njaluk pitulungan marang pawongan sing nggawa prau kuwi mau. Sri Welas lega, kanthi nunut prau kuwi dheweke bisa nerusake laku menyang Pulo Sabrang.
“Kowe arep ning ngendi, Ndhuk?” pitakone pawongan sing praune ditumpangi Sri Welas marang dheweke.
“Kula badhe teng Pulo Sabrang, Pakdhe.” Wangsulane Sri Welas sinambi nyritakake jalarane dheweke nganti ngambang ing satengahe segara.
Ora let suwe prau wis mlipir ing pinggire segara. Sri Welas bungah banget. Kaya-kaya nemu kabegjan sing linuwih, ing sebrang dalan ana papan gedhe kanthi tulisan “SUGENG RAWUH”. Tanpa mikir dawa Sri Welas nyedhaki papan kasebut.
“Kira-kira apa iki ya “Sugeng Rawuh” sing dikarepake Mbah Tresna? Ketoke ya pancen iki. Wis bener uga manggone ing Pulo Sabrang. Aku bakal menangake sayembara.” Pikirane Sri Welas wis mabur ing awang-awang. Papan kanthi tulisan “SUGENG RAWUH” mau banjur digawa dening Sri Welas kanthi numpak prau nyebrangi segara.
Sri Asih sing turu ing sangisore wit gedhe uga wis tangi banjur nerusake lakune. Ing tengahe lakune, Sri Asih kepethuk karo wong lanang gedhe dhuwur sing lagi ramban gegodhongan ing alas.
“Kowe bocah wadon cilik, kok wani mlaku dhewe ing alas kene, Ndhuk?” pitakone wong lanang iku mau marang Sri Asih.
“Nggih, Pakdhe.” Wangsulane Sri Asih.
“Arep ning ngendi, ta, Ndhuk?” Wong lanang iku mau nyoba miterang.
“Kula dipunutus Mbah Tresna, tanggi kula ingkang nandang gerah supados madosaken Sugeng Rawuh kangge jampi.” Sri Asih njlentrehake tujuwane kanthi cetha.
“Ya wis, saiki melua menyang omahku, Ndhuk!” Wong lanang iku mau ngajak Sri Asih.
Senajan rada bingung nanging Sri Asih manut wae. Teka ing daleme, wong lanang iku banjur ngracik saperangan gegodhongan lan woh-wohan garing nganggo banyu anget. Racikan kasebut dilebokane kendhi cilik.
“Ndhuk, ndang balia numpak cikar iku. Njur kendhi iki paringna Mbah Tresna! Ya jamu racikan iki sing bakal bisa gawe warase Mbah Tresna” Dhawuhe wong lanang iku marang Sri Asih.
Tekane Sri Asih ing Desa Karta bebarengan karo Sri Welas. Ngerti Sri Asih sing katone ora kasil nggawa apa-apa, Sri Welas tansaya bungah. Bocah loro banjur mlaku tumuju daleme Mbah Tresna. Ing daleme Mbah Tresna Sri Welas nyerahake papan sing digawa kanthi tulisan “SUGENG RAWUH” marang Mbah Tresna.
“Iki apa, Ndhuk?” pitakone Mbah tresna marang Sri Welas. Sri Welas mangsuli yen kuwi Sugeng Rawuh sing bisa dadi tamba gerahe Mbah Tresna.
“Oalah, Ndhuk. Tiwas gedhe pangarep-arepku. Pranyata lungamu meh rong dina ora ngasilake apa-apa.” Mbah Tresna mangsuli. Sri Welas bingung banjur nyadhari yen sing digawa kuwi mau dudu Sugeng Rawuh sing dikarepake Mbah Tresna.
“Sampun kuciwa, Mbah. Menika jampi ingkang saged nglerem gerahipun panjenengan. Menika jampi racikan saking piyantun kakung ageng ingkang kula panggihi wonten Pulo Sabrang.” Sri Asih ngetokake kendhi sing wiwit mau ditaleni ing slendhange. Mbah Tresna nampa kendhi sing digawa Sri Asih.
“Ya bener iki, Sih. Iki tamba sing dakgoleki. Iki mono racikan uwuh gaweyane Sugeng sing bisa nambani maneka lelara lan gawe awak kepenak.” ature Mbah Tresna. Mbah Tresna njlentrehake yen Sugeng Rawuh sing dikarepake kuwi ya jamu sing digawa Sri Asih. Rawuh kuwi tegese racikan uwuh.
Dene Sugeng yaiku jenenge pawongan sing nggawe racikan kuwi mau. Mbah Tresna pirsa yen jamu kuwi racikane Sugeng amarga anane tulisan Sugeng ing ngisor kendhine. Sri Asih bungah wis bisa nulungi Mbah Tresna.
Sawise ngunjuk jamu kuwi Mbah Tresna wis katon bregas waras. Laras karo janjine, Mbah Tresna maringake mas-masan klangenane marang Sri Asih. Dene Sri Welas ora oleh apa-apa.
Deni Iska Dian Nita, guru Bahasa Jawa Tinggal di Kota Batu Jawa Timur

